Jumat, 15 Februari 2013

SYI’IR PADANG BULAN


SYI’IR PADANG BULAN
Allohumma sholii wasallim alaa
Sayidinaa wamaulana muhammadin
Adada maa fi’ilmillahi sholatan daimatan
Bida waami mulkillahi....2x

Padang bulan, padange koyo rino, rembulan sing ngawe-awe...2x
Ngelengake, ojo turu sore
Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore...2x
Iki dino, ojo lali ngaji takon marang kyai guru kang pinuji...2x

Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan
Insya Allah, kito menang lan kabejen...2x
Lamun wong tuwa, lamun tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal, ngalamat bakal getun mburine...2x

Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pangeran
Anak putune rame-rame rebutan warisan...2x
Wong tuwo loro ing jero kuburan nyandang susah
Sebab mirsani putra-putrine ora ngibadah dho pecah belah...2x

Kang den arep-arep yoiku turune rahmat
Jebul kang teko-jebul kang teko nambahi

Jaman kepungkur ora jaman, jaman butuhan
Esuk-esuk rame-rame luru ramalan...2x
Gambar kucing dikiro gambar macan
Bengi diputer-bengi diputer metu wong edan...2x

Kurang puas-kurang puas luru lamaran
Wong ora waras- wong ora waras dadi takonan...2x
Kang ditakoni ngguyu cekakan
Jebul kang takon-jebul kang takon wis ketularan...2x

0 komentar:

Posting Komentar